Jaman Semono Kutha Semarang salah sawijining kutha
gedhe kang nduweni pelabuhan paling gedhe
ing tlatah Jawa. Semarang uga misuwur menawa kutha kang endah.
Dhek jaman walanda, kahanan kutha Semarang bedha banget karo saiki. Jaman
semono segara iku nganti tekan dhaerah Mugas, Mrican, lan Gajahmungkur. Nalika
iku wong-wong Walanda ngarani Semarang
kuwi Venesia seka wetan. Bab nalika mlebu plabuhan Semarang, pemandangane katon
endah. Seka Semarang isa katon gunung Ungaran, Merbabu, Merapi uga gunung
Slamet. Ing tengahing kutha ana kali loro kang gedhe nganti tekan laut. Kali
iki dibangun nalika jaman Walanda.
Kahanan iki amarga wiwit jaman mbiyen Semarang uga
kerep banjir. Merga Semarang salah sawijining kutha kang manggon ana ing
pinggiring segara. Nalika udan gedhe Semarang uga dadi lenggananing banjir
gedhe. Ewandene akeh korban bandha lan nyawa merga banjir.
Ing jaman kolonial Walanda uga akeh surat-surat
penting kang melu kenthir kagawa banyu. Banjur pamrentah Walanda nduweni akal supaya
gawe kali lan tanggul gedhe ing tengahing kutha supaya banyu bisa mili lancar tekan segara. Sak
kabehing insinyur ing kutha Semarang kumpul dadi siji ngrembag kepriye carana
gawe tanggul kang gedhe saka pucuking kutha nganti tekan segara. Pungkasane, digawe kali lan tanggul kang ana ing
sisih wetan lan kulon
kutha.
Proyek iki mlaku kanti lancar nganti wis arep
rampung. Ning nalikane mbangun kali lan tanggul
kang ana ing sisih kulon ana bab kang rada ganjil. Ana sak panggonan kang rada
angel dikeruk. Lemah kang ana ing kono akeh watune kang gedhe-gendhe. Semono
uga nalika digawe
tanggul mesti wae gempal utawa longsor mangisor maneh. Kadadean iki wis mesthi
anggawe bingunge
insinyur-insinyur kang nggarap proyek iki. Wis maneka werna cara dicoba ning
tetep ora bisa.
Tukang keruk kang ana ing kono mau banjur ngusulake
supaya digolekake “wong pinter”.
“Pak, menawi pados tiyang pinter kemawon pripun ?
bab niki mboten lumrah.”
“Yen Pancen mengkono apikke ya ora apa-apa. Wis gek
ndang digolekki.” Salah sijine insinyur mau mangsuli.
“Nggih pak, kula nate
mireng wonten
ngriki wonten kyai kang sekti.”
“Yen pancen mengkono njalukka tulung marang dheweke.
Sapa ngerti bisa
ngewangi awake dhewe. Proyek iki kudu rampung sakdurunge mangsa rendheng teka.”
Banjur salah sawjining pegawe proyek mau lunga
nggolekki kyai kang jenengi Ki Sanah.
Saktekane omahe Ki Sanah, Ki Sanah wis ngeri
kekarepane pegawe mau.
“Aku wis ngerti kekarepanmu ngger. Bab lemah sing
gempal kuwi to?”
“Nggih pak kyai”
“Yen pancene mengkono, mengko nalika bali seka kene
jupuka watu kang ana ini sisih omah iki banjur pendhema ing papan lemah kang
gempal mau. Nalikane bali seka kene aja makaping-kaping kowe noleh madhep mburi
nganthi tutug papan panggonan kerjamu.”
Bab mau dilakoni tenan dening pegawe mau. Sak tekane
ing proyek, watu mau banjur dipendhem ing papan kang gempal mau.
Ajaibe sakbanjure watu mau dipendhem saiki kerukkan lemah kang ditumpuk ing
pinggiring tanggul wis ora longsor maneh. Malah kaya-kaya pagawean iki krasa
luwih cepet rampunge.
Wiwit kuwi papan panggonan mau dijenengi Lemah
Gempal.
Banjur ing tengahing kali mau digawe bendungan kanggo nata iline banyu. Merga
panggone leter kaya plorotan papan mau kerep kanggo adus bocah cilik-cilik lan
kanggo dolanan plorotan.. Merga kuwi papan iki dijenengi Plered. Kang saiki dijenengi Wadhuk Plered.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar