APA
KUDU SAIKI ANGGONMU LUNGA ??
Dina
iki kaya biasane aku mangkat sekolah bareng karo Doni kanca cedakku. Ana sing
ngomong yen aku karo dheweke wis kaya kakang karo adhine. Senajan agama lan
kepercayaane awake dhewe iki bedha nanging ora tau dadiake perkara. Malah ora
jarang aku lan dheweke padha ngurmati bab kasebut. Nalika dolan bareng Doni
gelem ngenteni aku sholat, dene aku yo ngono ora pernah ngejak dolan yen wayah
minggu isuk nalika Doni isih Kebaktian ing Greja.
“ Wes Ren kana bali
dhisik, aja lali jumatan lho ya !” nalika Doni ngelingake yen aku kudu bali
cepet merga kudu jumatan.
Satekane
sekolah aku lan dheweke langsung mlebu kelas lan wiwiti pelajaran isuk iki.
Matematika pelajaran sing paling ora tak senengi merga aku ora bisa. Bedha karo
Doni sing seneng yen kon dolanan rumus matematika iki. Puluhan rumus mung
kaya-kaya dingo dolanan karo dheweke. Yen ana pitakon seka Bu Tutik dheweke
mesti ngacung dhisik dhewe. Ing tengahing pelajaran Pak Edy Wakil Kepala
Sekolah mlebu ruangan lan ngendikan yen ana murid anyar pindahan saka Bandung.
“Anak-anak ini Renita
siswa pindahan dari Bandung, Dia akan melanjutkan pendidikannya disini dan akan
menjadi teman baru kalian.”Ngendikane pak Edy nalika ngenalake marang
bocah-bocah ing kelas.
Bocahe
ayu, kulite putih lan kayane dheweke keturunan china.
“
Wah ngene iki yo nyenengake Rino karo Doni. ” gembore kanca-kancaku saka mburi
kelas.
Tanpa
dikomando maneh kanca-kanca sak kelas padha ngguyu kabeh. Pancen ning kelas iki
aku lan Doni dikenal paling mbeling dhewe yen masalah cah wadon. Yen jare Doni
: “ biasa nakale cah lanang yon gene iki !”. Pas ngaso aku lan Doni nyedaki
Renita, tujuane arep ngejaki kenalan. Ora nyangka jebule Renita kui bocahe asik
lan enak dijak guyon, pas karo sipatku lan Doni. Ora suwe aku,Doni lan Renita
wes kaya suwi anggone kekancan.
---oo00O00oo---
Merga
dheweke gampang adaptasi marang lingkungan sekolah, mula lagi seminggu kancane
wes akeh. Sing ora bisa dipercaya maneh jebul dheweke ora gengsi yen dolan karo
bocah-bocah lanang. Genep sesasi dheweke wes mulai cedak karo aku lan Doni. Ora
jarang aku, Doni lan Dheweke dolan bareng. Sing ora ngerti dikirane Renita kuwi
pacarku utawa pacare Doni.
“ Wah. . wah . . lagi
sesasi mlebu wes mbok gebet wae to Don ??” guyone kancaku marang Doni.
Ora
krasa telung sasi Renita pindah ning kene. Sawajare bocah-bocah remaja akeh
bocah lanag sing nyedaki dheweke merga tresna marang dheweke. Apamaneh Renita
kuwi ayu, putih, lan katurunan china. Nadyan kadang aku karo Doni uga ngrasa
ngono, ning aku lan dheweke nganggep Renita kuwi wis kaya adhi dhewe. Mula kudu
dijaga. Ora jarang Renita kerep crita masalah bocah-bocah lanang sing seneng
karo dheweke.
---oo00O00oo---
Dina-dina
wus kalakon, Saya dina aku kaya-kaya mendem rasa sing bedha marang Renita. Mbuh
rasa apa iki. Nganti-nganti aku kaya wong kedanan. Ing wayah bengi ora sengaja
aku nulis gurit ing tengahing buku nywarake isining atiku.
Kanggo
: Renita (sing daktresnani)
Ing
pinggir alun-alun kutha iki
Aku
lan sliramu tansah gegojegan
Ndongeng
crita katresnan
Nalika
tembang-tembang tresna,
Dadi
panglipur ati kang bingung
Nalika
tembang-tembang tresna,
Bisa
ngregani ati kang suwung
Cumloroting
lampu kang menjila
Tuwuh
ngrembaka ing rasa tresna
Mung
siji pitakonku ??
Duh
bocah ayu . .
Apa
bisa sliramu dadi duwekku
|
|
Aku dewe ora ngerti
rasa apa sing dakrasa iki. Tresna iki kudune ora metu. Aku ngerti yen Doni kuwi
tresna marang Renita.
“Apa iya aku kudu
nglilake tresnaku kanggo kancaku ??” pikirku jero ati.
Aku karo Doni mbiyen
wus nate janji yen ora bakal duwe pacar yen salah sijining seka awake dhewe yo
durung duwe pacar. Ning, apa ya Doni dhuweni pikiran kaya mengkono? Apa kudu
kekancanku rusak merga wong wadon?
---oo00O00oo---
Isuk iki ora kaya
biasane, aku ora mangkat sekolah merga awakku lara. Doni kepeksa kudu mangkat
dhewe.Bali sekolah Doni karo Renita mara ning omahku. Ning ana sing bedha karo
bocah loro kuwi. Katon saya rumaket.
“Wah Don ketok saya
kelet wae awakmu karo Renita . .” guyonku.
Doni lan Renita ora
nyauri mung padha katon mesem.
“Hayo ki ana apa kok
aku ora dicritani? Lagi ditinggal sedina wae wes lali karo kancane ya ??”
“Lali piye ta? Yen awake dhewe iki lali karo awakmu ya ora
bakal niliki awakmu kuwi to! Yo po ra Ren ??” Saure Doni.
“Lha terus ana apa kok
ora gelem crita marang aku ??”
“Ora Ren ora ana
apa-apa. Awakmu wae sing ngrasa.”Saure Renita.
Merga wis sore bocah
loro mau banjur pamit mulih.
“Wis ya Don aku karo
Renita bali dhisik. Gek ndang mari mengko dak critani ??”
“Lho ngono kuwi? Arep
nyritani kancane ngenteni mari dhisik?? Jan-jane ki ana apa? Hahaahaha”
“Ora
Ren kaya ora reti Doni wae senenge gojegan.” saure Renita.
“Ya wis kana, sing
ati-ati, Renita aja lali dikancani bali tekan ngomah lho Don. Awas yen
macem-macem awakmu.
---oo00O00oo---
Dina iki aku wis miwiti
maneh anggone mangkat sekolah. Nadyan awakku isih krasa lemes ning aku kudu ngoyak
pelajaranku merga sedelok maneh aku ujiyan nasional. Kaya biyasane, Doni wus
ning ngarep omah nalika wus tabuh stengah pitu.
“Piye No? Apa awakmu
kuwi wis mari tenan? Kok praupanmu isih katon pucet ngono?” Omonge Doni marang
awakku.
“Lha arep kepriye maneh
Don, Sedelok maneh kan wis ujian. Nadyan aku iki ora sepinter awakmu ning yen
masalah semangat kancamu iki ya nomer siji !” Sumaurku banjur aku lan dheweke
padha ngguyu cengengesan.
“Ya wis yen kancaku wis
isa mikir kaya mengkono. Wis ayo ndang mangkat aku durung sarapan !”
Banjur aku karo dheweke
mangkat mara sekolahan. Isuk iki aku kudu mbonceng motore Doni merga awakku
isih lemes.
---oo00O00oo---
Satekane sekolah aku
lan Doni banjur mara kantin. Ning kana wis ana Renita sing ngenteni.
“Rene cah!! Iki wis tak
golekke panggonan.” Omonge Renita marang aku lan Doni.
Banjur aku,Doni lan
Renita sarapan bareng. Sakwise sarapan aku banjur mara pakiwan merga sragamku
kena duduh soto sing dak pangan mau.
“Wis kana Don mara
kelas dhisik, klambiku dakresikane dhisik kena duduh soto”
“Ya wis aku karo Renita
mara kelas dhisik ya. .”
Sakwise aku metu saka
pakiwan aku kapethuk dening Indra kanca sakkelasku.
“Aduhh.. Kok mesakke
temen awakmu No, dumeh Renita karo Doni wis pacaran saiki awakmu ditinggal
dhewe ya ?? hehe”
“he ? ora Ndra, mau
bocahe takkon mara kelas dhisik merga aku ngresiki sragamku dhisik.”
Karo mlaku mlebu kelas
tak iling maneh omongane Indra mau. Apa bener yen Renita karo doni kuwi wis
pacaran.
“Ning, apa iya? Kena
ngapa dheweke ora gelem crita marang awakku?” pikirku jero ati.
Ning ngapa bocah loro
kuwi ora gelem crita. Yen diiling maneh Doni nate ngomong yen ora bakal pacaran
yen salah siji saka awake dhewe ya durung pacaran. Apa iya dheweke mlenjani
janjine. Nadyan aku dhewe ya ngrasa tresna marang Renita. Ning bab kuwi ora
dakpikir luwih.
---oo00O00oo---
Dina sisuke Renita mara
omahku kanggo nyilih buku cathethan fisikaku. Ora ana pikiran apa-apa aku
banjur nyilihake bukuku marang dheweke. Sakwise dheweke bali aku nembe ngrasa
yen ning jero bukuku mau ana gurit sing katuju marang dheweke.
“Aduh . . kepriye iki
yen dheweke ngerti lan maca gurit kuwi. Binngung campur galih rasaning atiku.
Sesuke nalika ngaso
sekolah, aku karo Renita jajan mara kantin. Doni ora melu merga dheweke ana kapenthingan
karo salah sijining guru ing sekolahku.
“Ren aku arep takon
marang awakmu. Ning nyaurine sing jujur ya?”
“Iya No piye? Ana apa?”
“Ngene Ren, aku krungu
saka bocah-bocah yen awakmu karo Doni kuwi pacaran. Apa iya? Yen iya ya ora
apa-apa.”
“Ngene No, sadurunge
aku karo Doni njaluk ngapurane ya, aku ora crita marang awakmu. Doni wedhi yen
kowe bakale ngamuk. Semono uga aku. Aku ora gelem yen kekancanmu kudu pedhot
mung merga aku.”
“Iya Ren aku ngerti . .
Ning . .” durung bar anggonku ngomong dheweke nyauri maneh.
“Iya aku ngerti, Aku
wis maca guritmu. Ning awakmu kurang cepet.”
Kaya wung linglung aku
dadi bingung nalika Renita ngomong yen dheweke wis maca gurit sing dakgawe
kanggo dheweke.
“Iya Ren, Ora apa-apa.
Aku ya mung melu seneng yen kancaku ya seneng.”
Kaya-kaya sauran mau
mung kanggo mendem rasaning lara ning jero ati.
“Ning No, Doni kan ya
nate ngomong yen dheweke ora bakal pacaran yen awakmu durung duwe pacar. Mulane
dheweke ora wani crita.”
“Iya, wis ta santai
wae. Wong kaya aku iki gampang yen mung trimane golek pacar. Sedina wae is yen
mung golek lima. Hehehee” Aku karo dheweke ngguwu cekikikan bareng.
“Pisan maneh ngapurani
aku ya No !”
“Iya Ren, wis ayo bali
mlebu kelas.”
---oo00O00oo---
Bengine aku disms Doni
yen dheweke sisuk ora bisa mangkat merga sedulure sing ning Kendal duwe gawe.
Sisuke aku mangkat sekolah kaya biyasane. Ning, kayane ana sing bedha.
Kaya-kaya athiku rasane galih lan ora penak. Semono uga karo Renita, Dheweke
katon kaya lagi mikirake bab liya.
Nalika ngaso aku lan
Renita intuk kabar yen Doni lan kluwargane lagi kena musibah. Mobile mlusuk
ning sawah merga katubruk dening truk. Doni smaput lan kahanane parah.
Sanalika, skwise mulih sekolah aku lan Renita mara menyang rumah sakit.
Satekane kana aku malah ora tega ndelenge merga kahanane Doni wis ora kaya sing
dakpikirke. Dheweke kritis lan wis 6 jam durung sadar. Ndelok kahanane Doni
sing kaya mengkono, renita mung bisa nangis. Luhe dleweran.
Bengine Doni kahanane
sansaya apik. Dheweke wis sadar lan ngomong karo aku yen dheweke nduwe layang
kanggo awakku ning jero tase. Sakwise ngomong mengkono kahanane mbalik kaya mau
sore maneh. Jantunge katon saya lemah lan sanalika dhokter-dhokter pada mlebu
ruangan. Aku, Renita lan Kluwargane mung bisa ngirim donga marang Gusti.
Ning, apa sing
dikarepake ora dikabulake dening Gusti. Doni kapundhut dening Gusti. Sanalika
suwasanane dadi tangisan nalika kabar kuwi dirungu saka dhokter.
Kanca sing paling
cedhak lan paling kelet karo aku wis kapundhut dening Gusti. Aku dhewe
kaya-kaya ora bisa nrima bab kasebut ning piye maneh yen Gusti wis kepareng.
Banjur dakbukak layang
sing ana jero tase mau :
Kanggo
kancaku
Rino
Saputra Dirgantara
No, aku
arep njaluk ngapura marang awakmu.
Ngapurani
aku sing wis mlenjani janjiku. Aku karo Renita wus nyambung katresnan ning
aku ora crita marang awakmu. Ngapurani aku yen aku ora bisa nglakoni jani
sing dakgawe dewe.
No, aku
titip Renita ya. .
Aku arep
lunga adoh saka uripmu.
Aku
percaya yen kekeancane awakke dhewe iki ora bakal kapisah dening apa wae.
Pisan
maneh ngapurani ya . .
Saka
kancamu sing ora patut dianggep kanca,
Doni
Yohan Firmansyah
|
Kanthi dleweran
anggonku maca layang saka dhewekke. Jebul kancaku kuwi kudu bali dhisik.
Don, muga-muga uripmu
tentrem ning donya kana. Awakmu bakal dadi kancaku nadyan wis ora ana ing donya
iki.
---oo00O00oo---
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar