Selasa, 25 September 2012

CERITA KETOPRAK


KEMBANG PUDHAK KENCANA

Raja Kerajaan Kediri  Prabu Lembu Amisena nggawe sayembara kanggo ngalahake Prabu Klana Sambega kang gawe ora tentreming kerajaan. Sapa wae sing isa ngalahake Prabu Klana Sambega bakal didadeake bojone anake sing jenenge Ratna Kuning. Prabu Lembu Amisena ngutus Patih Kuda Sinumpit supaya golek wong kang nduweni pusaka Kembang Pudhak Kencana amerga Prabu klana Sambega mung isa gugur karo pusaka kuwi.
Ing desa cilik Argasari, Jaka Sembara lan bojone Lambang Sari mangkat menyang kutha Kediri saperlu golek pagawean. Satekane Kediri, Jaka Sembara dicegat dening Patih Kuda Sinumpit. Banjur Jaka Sembara nyritaake yen dheweke lan garwane duwe kapinginan kanggo golek pagawean ing Kediri. Kanthi mengkono dheweke banjur ditanting kanggo ngalahake Prabu Klana Sambega. Jaka Sembara gelem nadyan garwane ora ngintukake. Jaka sembara banjur mangkat perang lan Lambang Sari dititipake marang Patih Lembu.
Ing paprangan Jaka Sembara isa ngalahake Prabu Klana Sambega nganggo pusakane Kembang Pudhak Kencana lan Prabu Klana Sambega gugur. Miturut sayembara mau Jaka Sembara bakal intuk upeti yaiku bias dadi bojone putri Retna Kuning. Jaka sembara diintukake mlebu keputren kanggo nglamar Ratna Kuning. Ananging dewi Retna Kuning jebul ora gelem. Semana uga dening Jaka Sembara amerga dheweke wis duwe bojo Lambang Sari. Kanthi mengkono banjur Jaka Sembara bali menyang Argasari.
Ning desa Argasari Lambang Sari kethar-kethir merga wis suwe Jaka Sembara durung bali saka paperangan ing Kediri. Banjur Patih Kuda Sinumpit teka lan gawa kabar yen Jaka Sembara gugur ing paperangan kanthi maksud supaya Lambang Sari bisa digarwa dening dheweke. Krungu bab kuwi Lambang Sari sedih atine. Banjur patih Kuda Sinumpit medharake yen dheweke gelem dadi bojone, ngganteake Jaka Sembara ning Lambang Sari ora gelem. Merga ora gelem banjur dheweke dipeksa dening Patih Kuda Sinumpit. Dewi Lambang Sari banjur mlayu lan kepethuk dening Jaka Sembara. Banjur dheweke nyritaake yen dheweke wis diapusi dening Patih Kuda Sinumpit,sing nduweni maksud kanggo nggarwa dheweke. Jaka Sembara lan Patih Kuda Sinumpit banjur perang tandhing lan Patih Kuda Sinumpit gugur dening keris pusakane dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar