Kamis, 21 Juni 2012

CERKAK


APA KUDU SAIKI ANGGONMU LUNGA ??

Dina iki kaya biasane aku mangkat sekolah bareng karo Doni kanca cedakku. Ana sing ngomong yen aku karo dheweke wis kaya kakang karo adhine. Senajan agama lan kepercayaane awake dhewe iki bedha nanging ora tau dadiake perkara. Malah ora jarang aku lan dheweke padha ngurmati bab kasebut. Nalika dolan bareng Doni gelem ngenteni aku sholat, dene aku yo ngono ora pernah ngejak dolan yen wayah minggu isuk nalika Doni isih Kebaktian ing Greja.
“ Wes Ren kana bali dhisik, aja lali jumatan lho ya !” nalika Doni ngelingake yen aku kudu bali cepet merga kudu jumatan.
Satekane sekolah aku lan dheweke langsung mlebu kelas lan wiwiti pelajaran isuk iki. Matematika pelajaran sing paling ora tak senengi merga aku ora bisa. Bedha karo Doni sing seneng yen kon dolanan rumus matematika iki. Puluhan rumus mung kaya-kaya dingo dolanan karo dheweke. Yen ana pitakon seka Bu Tutik dheweke mesti ngacung dhisik dhewe. Ing tengahing pelajaran Pak Edy Wakil Kepala Sekolah mlebu ruangan lan ngendikan yen ana murid anyar pindahan saka Bandung.
“Anak-anak ini Renita siswa pindahan dari Bandung, Dia akan melanjutkan pendidikannya disini dan akan menjadi teman baru kalian.”Ngendikane pak Edy nalika ngenalake marang bocah-bocah ing kelas.
Bocahe ayu, kulite putih lan kayane dheweke keturunan china.
“ Wah ngene iki yo nyenengake Rino karo Doni. ” gembore kanca-kancaku saka mburi kelas.
Tanpa dikomando maneh kanca-kanca sak kelas padha ngguyu kabeh. Pancen ning kelas iki aku lan Doni dikenal paling mbeling dhewe yen masalah cah wadon. Yen jare Doni : “ biasa nakale cah lanang yon gene iki !”. Pas ngaso aku lan Doni nyedaki Renita, tujuane arep ngejaki kenalan. Ora nyangka jebule Renita kui bocahe asik lan enak dijak guyon, pas karo sipatku lan Doni. Ora suwe aku,Doni lan Renita wes kaya suwi anggone kekancan.

---oo00O00oo---

Merga dheweke gampang adaptasi marang lingkungan sekolah, mula lagi seminggu kancane wes akeh. Sing ora bisa dipercaya maneh jebul dheweke ora gengsi yen dolan karo bocah-bocah lanang. Genep sesasi dheweke wes mulai cedak karo aku lan Doni. Ora jarang aku, Doni lan Dheweke dolan bareng. Sing ora ngerti dikirane Renita kuwi pacarku utawa pacare Doni.
“ Wah. . wah . . lagi sesasi mlebu wes mbok gebet wae to Don ??” guyone kancaku marang Doni.
Ora krasa telung sasi Renita pindah ning kene. Sawajare bocah-bocah remaja akeh bocah lanag sing nyedaki dheweke merga tresna marang dheweke. Apamaneh Renita kuwi ayu, putih, lan katurunan china. Nadyan kadang aku karo Doni uga ngrasa ngono, ning aku lan dheweke nganggep Renita kuwi wis kaya adhi dhewe. Mula kudu dijaga. Ora jarang Renita kerep crita masalah bocah-bocah lanang sing seneng karo dheweke.

---oo00O00oo---

Dina-dina wus kalakon, Saya dina aku kaya-kaya mendem rasa sing bedha marang Renita. Mbuh rasa apa iki. Nganti-nganti aku kaya wong kedanan. Ing wayah bengi ora sengaja aku nulis gurit ing tengahing buku nywarake isining atiku.

Kanggo : Renita (sing daktresnani)

Ing pinggir alun-alun kutha iki
Aku lan sliramu tansah gegojegan
Ndongeng crita katresnan

Nalika tembang-tembang tresna,
Dadi panglipur ati kang bingung
Nalika tembang-tembang tresna,
Bisa ngregani ati kang suwung

Cumloroting lampu kang menjila
Tuwuh ngrembaka ing rasa tresna
Mung siji pitakonku ??
Duh bocah ayu . .
Apa bisa sliramu dadi duwekku


Aku dewe ora ngerti rasa apa sing dakrasa iki. Tresna iki kudune ora metu. Aku ngerti yen Doni kuwi tresna marang Renita.
“Apa iya aku kudu nglilake tresnaku kanggo kancaku ??” pikirku jero ati.
Aku karo Doni mbiyen wus nate janji yen ora bakal duwe pacar yen salah sijining seka awake dhewe yo durung duwe pacar. Ning, apa ya Doni dhuweni pikiran kaya mengkono? Apa kudu kekancanku rusak merga wong wadon?

---oo00O00oo---

Isuk iki ora kaya biasane, aku ora mangkat sekolah merga awakku lara. Doni kepeksa kudu mangkat dhewe.Bali sekolah Doni karo Renita mara ning omahku. Ning ana sing bedha karo bocah loro kuwi. Katon saya rumaket.
“Wah Don ketok saya kelet wae awakmu karo Renita . .” guyonku.
Doni lan Renita ora nyauri mung padha katon mesem.
“Hayo ki ana apa kok aku ora dicritani? Lagi ditinggal sedina wae wes lali karo kancane ya ??”
“Lali piye ta?  Yen awake dhewe iki lali karo awakmu ya ora bakal niliki awakmu kuwi to! Yo po ra Ren ??” Saure Doni.
“Lha terus ana apa kok ora gelem crita marang aku ??”
“Ora Ren ora ana apa-apa. Awakmu wae sing ngrasa.”Saure Renita.
Merga wis sore bocah loro mau banjur pamit mulih.
“Wis ya Don aku karo Renita bali dhisik. Gek ndang mari mengko dak critani ??”
“Lho ngono kuwi? Arep nyritani kancane ngenteni mari dhisik?? Jan-jane ki ana apa? Hahaahaha”
“Ora Ren kaya ora reti Doni wae senenge gojegan.” saure Renita.
“Ya wis kana, sing ati-ati, Renita aja lali dikancani bali tekan ngomah lho Don. Awas yen macem-macem awakmu.

---oo00O00oo---

Dina iki aku wis miwiti maneh anggone mangkat sekolah. Nadyan awakku isih krasa lemes ning aku kudu ngoyak pelajaranku merga sedelok maneh aku ujiyan nasional. Kaya biyasane, Doni wus ning ngarep omah nalika wus tabuh stengah pitu.
“Piye No? Apa awakmu kuwi wis mari tenan? Kok praupanmu isih katon pucet ngono?” Omonge Doni marang awakku.
“Lha arep kepriye maneh Don, Sedelok maneh kan wis ujian. Nadyan aku iki ora sepinter awakmu ning yen masalah semangat kancamu iki ya nomer siji !” Sumaurku banjur aku lan dheweke padha ngguyu cengengesan.
“Ya wis yen kancaku wis isa mikir kaya mengkono. Wis ayo ndang mangkat aku durung sarapan !”
Banjur aku karo dheweke mangkat mara sekolahan. Isuk iki aku kudu mbonceng motore Doni merga awakku isih lemes.

---oo00O00oo---

Satekane sekolah aku lan Doni banjur mara kantin. Ning kana wis ana Renita sing ngenteni.
“Rene cah!! Iki wis tak golekke panggonan.” Omonge Renita marang aku lan Doni.
Banjur aku,Doni lan Renita sarapan bareng. Sakwise sarapan aku banjur mara pakiwan merga sragamku kena duduh soto sing dak pangan mau.
“Wis kana Don mara kelas dhisik, klambiku dakresikane dhisik kena duduh soto”
“Ya wis aku karo Renita mara kelas dhisik ya. .”
Sakwise aku metu saka pakiwan aku kapethuk dening Indra kanca sakkelasku.
“Aduhh.. Kok mesakke temen awakmu No, dumeh Renita karo Doni wis pacaran saiki awakmu ditinggal dhewe ya ?? hehe”
“he ? ora Ndra, mau bocahe takkon mara kelas dhisik merga aku ngresiki sragamku dhisik.”
Karo mlaku mlebu kelas tak iling maneh omongane Indra mau. Apa bener yen Renita karo doni kuwi wis pacaran.
“Ning, apa iya? Kena ngapa dheweke ora gelem crita marang awakku?” pikirku jero ati.
Ning ngapa bocah loro kuwi ora gelem crita. Yen diiling maneh Doni nate ngomong yen ora bakal pacaran yen salah siji saka awake dhewe ya durung pacaran. Apa iya dheweke mlenjani janjine. Nadyan aku dhewe ya ngrasa tresna marang Renita. Ning bab kuwi ora dakpikir luwih.

---oo00O00oo---

Dina sisuke Renita mara omahku kanggo nyilih buku cathethan fisikaku. Ora ana pikiran apa-apa aku banjur nyilihake bukuku marang dheweke. Sakwise dheweke bali aku nembe ngrasa yen ning jero bukuku mau ana gurit sing katuju marang dheweke.
“Aduh . . kepriye iki yen dheweke ngerti lan maca gurit kuwi. Binngung campur galih rasaning atiku.
Sesuke nalika ngaso sekolah, aku karo Renita jajan mara kantin. Doni ora melu merga dheweke ana kapenthingan karo salah sijining guru ing sekolahku.
“Ren aku arep takon marang awakmu. Ning nyaurine sing jujur ya?”
“Iya No piye? Ana apa?”
“Ngene Ren, aku krungu saka bocah-bocah yen awakmu karo Doni kuwi pacaran. Apa iya? Yen iya ya ora apa-apa.”
“Ngene No, sadurunge aku karo Doni njaluk ngapurane ya, aku ora crita marang awakmu. Doni wedhi yen kowe bakale ngamuk. Semono uga aku. Aku ora gelem yen kekancanmu kudu pedhot mung merga aku.”
“Iya Ren aku ngerti . . Ning . .” durung bar anggonku ngomong dheweke nyauri maneh.
“Iya aku ngerti, Aku wis maca guritmu. Ning awakmu kurang cepet.”
Kaya wung linglung aku dadi bingung nalika Renita ngomong yen dheweke wis maca gurit sing dakgawe kanggo dheweke.
“Iya Ren, Ora apa-apa. Aku ya mung melu seneng yen kancaku ya seneng.”
Kaya-kaya sauran mau mung kanggo mendem rasaning lara ning jero ati.
“Ning No, Doni kan ya nate ngomong yen dheweke ora bakal pacaran yen awakmu durung duwe pacar. Mulane dheweke ora wani crita.”
“Iya, wis ta santai wae. Wong kaya aku iki gampang yen mung trimane golek pacar. Sedina wae is yen mung golek lima. Hehehee” Aku karo dheweke ngguwu cekikikan bareng.
“Pisan maneh ngapurani aku ya No !”
“Iya Ren, wis ayo bali mlebu kelas.”

---oo00O00oo---

Bengine aku disms Doni yen dheweke sisuk ora bisa mangkat merga sedulure sing ning Kendal duwe gawe. Sisuke aku mangkat sekolah kaya biyasane. Ning, kayane ana sing bedha. Kaya-kaya athiku rasane galih lan ora penak. Semono uga karo Renita, Dheweke katon kaya lagi mikirake bab liya.
Nalika ngaso aku lan Renita intuk kabar yen Doni lan kluwargane lagi kena musibah. Mobile mlusuk ning sawah merga katubruk dening truk. Doni smaput lan kahanane parah. Sanalika, skwise mulih sekolah aku lan Renita mara menyang rumah sakit. Satekane kana aku malah ora tega ndelenge merga kahanane Doni wis ora kaya sing dakpikirke. Dheweke kritis lan wis 6 jam durung sadar. Ndelok kahanane Doni sing kaya mengkono, renita mung bisa nangis. Luhe dleweran.
Bengine Doni kahanane sansaya apik. Dheweke wis sadar lan ngomong karo aku yen dheweke nduwe layang kanggo awakku ning jero tase. Sakwise ngomong mengkono kahanane mbalik kaya mau sore maneh. Jantunge katon saya lemah lan sanalika dhokter-dhokter pada mlebu ruangan. Aku, Renita lan Kluwargane mung bisa ngirim donga marang Gusti.
Ning, apa sing dikarepake ora dikabulake dening Gusti. Doni kapundhut dening Gusti. Sanalika suwasanane dadi tangisan nalika kabar kuwi dirungu saka dhokter.
Kanca sing paling cedhak lan paling kelet karo aku wis kapundhut dening Gusti. Aku dhewe kaya-kaya ora bisa nrima bab kasebut ning piye maneh yen Gusti wis kepareng.
Banjur dakbukak layang sing ana jero tase mau :
Kanggo kancaku
Rino Saputra Dirgantara

No, aku arep njaluk ngapura marang awakmu.
Ngapurani aku sing wis mlenjani janjiku. Aku karo Renita wus nyambung katresnan ning aku ora crita marang awakmu. Ngapurani aku yen aku ora bisa nglakoni jani sing dakgawe dewe.

No, aku titip Renita ya. .
Aku arep lunga adoh saka uripmu.
Aku percaya yen kekeancane awakke dhewe iki ora bakal kapisah dening apa wae.
Pisan maneh ngapurani ya . .

Saka kancamu sing ora patut dianggep kanca,


Doni Yohan Firmansyah

Kanthi dleweran anggonku maca layang saka dhewekke. Jebul kancaku kuwi kudu bali dhisik.
Don, muga-muga uripmu tentrem ning donya kana. Awakmu bakal dadi kancaku nadyan wis ora ana ing donya iki.

---oo00O00oo---

TAMAT

CERKAK





MAWAR KANGGO MAWAR


Pot-pot kembang katon jejer ing ngarep omah. Ing salah sawijining pot katon kembang mawar sing mekrok endah. Banjur kembang mawar mau dakkethok lan dakselehke ning sanding foto dhuwur meja blajarku. Bab kuwi wes kaya dadi ritual sing daklakoni saben isuk.
Jenengku Mawar, Mawar Anggraeni. Aku anak tunggal ning kulawargaku, sing saiki katon saya cilik.Bapak sampun kapundhut dening Gusti nalika aku kelas telu SMP merga bapak kena penyakit kanker paru-paru wiwit aku isih cilik.Saiki aku mung urip karo ibuku. Yo, namung ibu sing dadi kuncining uripku. Ibu namung mergawe dodol jajanan pasar lan kadang dadi buruh “ngumbai nggosok” tangga-tangga kiwa tengenku. Wes mesthi wae kanthi penghasilan semanakulawargaku iki yo mung isa urip pas-pasan.Ora nggumun maneh yen aku karo ibuku kudu pasa utawa mung mangan sega turahan wingi merga ora duwe duit kanggo tuku beras. Nadyan ngono bab kuwi ora tak pikir luwih merga ibu wis merjuang kanggo uripku.
Saiki aku wis kelas XII utawa kelas telu ing salah sawijining SMA Negeri ing tengah kuthaku. Jarak omah lan sekolahku ora cedhak. Untunge isih ana sepedha tinggalane bapak, nadyan wis tua ning isihbisa daknggo mangkat menyang sekolahan. Dhuwit sanguku ora cukup yen mung kanggo numpak angkutan menyang sekolahan.Malahan kadang aku ora diparingi sangu dening ibu merga dodolane ibu ora payu. Yen kaya ngono ibu mung maringi aku bab sing gawe aku isin nalika bab kuwi nganthi weruh wong liya.
“Nduk, ngapurani ya ? Dina iki dodolane Ibu ora payu, merga mau dodolane Ibu tiba ning ndalan lan kotor kabeh. Ibu ora bisa nyangoni kowe. Ning iki …” Ibu maringi aku jajanan turahan dodolane ibu sing reged merga tiba lan kena pasir.
Kanthi suara sing gumether lan kanthi luhing sing wis katon gumandhul uga laraningati,Ibu ngendikan mangkono marang aku. Aku nyadari bab kuwi nadyan ibu ngumpetake rasaning atine kuwi supaya katon tatag ning ngarepanku. Yen wus kaya mengkono aku mung bisa mantuk supaya ibubungah.

---oo00O00oo---

Esuk iki, nadyan srengengene durung katon cetha nanging aku wus krungu swara saka mburi pawon. Swara gesekaning susruk lan wajan ditambah maneh ambune endhog dadar, nangekake awakku saka mimpi sing endah. Nadyan mripat iki rasane isih kelet lan awakku isih males anggone tangi, isih pengin nempel ning kasur. Nanging, saknalika aku tangi nadyan isih sempoyongan, banjur mlaku mara pawon.
 “Eeee anake ibu jebule wis tangi ??”Ibu ngendika karo mesem.
“Hmmm…. endog dadar nggih Bu?sambel trasine Bu?”.
“Iya, nggo sarapanmu mengko, Kae sambele ning meja !”Ibu nuding meja banjur ngentas endhog saka wajan. Banjur aku mara meja lan ndulit sambel sing isih ana ing cowek.
“hus..hah..man..hus..hah..tap !”Sinambi ngebat-ngebatke tangan merga kepedesen banjur nudingi ibu jempol. Ibu mung mesem ndelok lakuku sing kaya ngono kuwi.
“Wes gek ndang wudhu kana Nduk ! Sholat disik Nduk, ngucap syukur marang Gusti, dina iki kowe isih isa sarapan lan mangan sambel gaweane ibu !”.
“Siap ibu bos ! Laksanakan tugas !” Sinambi hormat lan mlayu metu karo sepisan maneh ndulit sambel.
 “Hmmm mantep !”

---oo00O00oo---

Aku wis siap anggone mangkat sekolah. Nanging kaya ana sing lali, iyo..Sepatuku ! Aku mung duwe sepatu sepasang kuwi wae wus katon elek bangetlan wus jebol ngarepe. Sepatuku teles merga wingi sore kudanan nalika aku mulih sekolah.Aku lali mepe mesti saiki yo isih teles.
“Meh nganggo sepatu apa aku ? Ibu mesti ngamuk karo aku !” omongku ning jero ati karo nggaruk-nggaruk sirah.
“Mawar..Nduk cah ayu..? iki sarapanmu Nduk !” Swarane ibu saka jero pawon. Sanalika praupanku langsung katon pucet lan dadi bingung dewe arep golek alesan marang ibu.
“Nggih Bu, sekedap tasih ngangge sepatu.” Aku njupuk sepatu ning ngisor kursi ngarep omah.
“Nduk..!” swara langkahe ibu krungu nyedaki aku.  Cepet-cepet anggonku nganggo sepatu sing teles banjur ngadeg ning ngarep lawang kaya-kaya nyambut tekane ibu.
“Iki Nduk sarapane, arep dicangking apa dilebokake tas ?”Aku mung ndeloki ibu karo mesem, wedi yen ibu ngamuk merga reti sepatuku teles.
“Eh…Hmm.. kula bethane mawon mangkih kula lebetke tas piyambak bu.” Praupanku katon abang mbranang.
“Kowe napa ta Nduk ?apa lara ?” Ibu wis cubriya karo laku ku.
“Oh…Emmm..mbotenBu. Nggih pun Mawar nyuwun pamit Bu.” Sinambi salim karo ibu.
“Assalamualaikum…!”
“Wa’alikumssalam…eh Mawar” Ibu ngundang aku maneh.
“Aduuuhh..konangan ibu ki mesthi.” Karo madep ibu aku ngomong alon “Ngapunten mbok. .” durung bar anggonku ngomong ibu ngendika “Iki Ndukduite sangune lali !” Binarengan karo ibu maringi rong lembar dhuwit sewunan.
“Alhamdulillah dina iki gusti isih paring rejeki sing akeh marang awake dewe. Aja lali sembayange yo Nduk ..” ngendikane Ibu.
“Inggih… matur nuwun Bu. Daaaa…daaaa….”
Aku banjur mlayu ngadoh.
“Sing ati-ati ya Nduk. Sinau sing bener !Ana-ana wae bocah kuwi.”Ibu banjur mlaku mlebu omah.

---oo00O00oo---

Bareng karo tekaku ning sekolahan bel tandha mlebu muni.Pak Dul satpam sekolahan sanalika nutup gerbang.
“Pak tunggu dulu…Jangan ditutup dulu…” Bengoku marang Pak Dul. Nadyan lawang gerbange wus kari ngunci nanging akhire Pak Dul gelem mbukaake maneh kanggo merga mung aku sing katon telat.
“Matur nuwun Pak Dul . .” ngendikaku marang Pak Dul.
Banjur aku mlayu mlebu kelas.Nanging lagi tekan ngarep ruang BK Pak Wito njawil aku.
 “Mawar, berapa kali kamu terlambat ??ini sudah jam berapa ? Kamu setiap hari terlambat.Ayo ikut bapak keruang BK” Ngendikane Pak Wito guru BKku.
“Tapi pak ?? Saya bisa menjelaskan”
“Darimana saja kamu ? Lihat bajumu ? Lihat sepatumu ?sepatu basah kamu gunakan kesekolah ?? Apa kamu tidak diajari kebersihan ??”
Merga aku telat, aku distrap hormat ning ngarep cagak gendera sekolahan nganti diintukake mlebu ruangan kelas maneh.Nganti tekane bel wayah ngaso.
“Hei teman-teman liat deh ada yang nemenin tiang benderatu !”bengoke Ria marang kanca-kancane.
Aku tetep ngadek lan ora nggateake omongane kancaku mau. Aku pancen ora seneng karo kelompoke Ria sing gawene ngeceni aku.
“Eh liat deh sepatunya, udah jelek, bau lagi. .” bengoke Ria maneh.
“Iya tu udah gitu kumel banget. Bukannya mawar itu harusnya wangi ya ??kalo yang satu ini Mawarnya bau !!” omonge Dina, kancane Ria
“Kalian kenapa sih selalu mengejekku ??” aku mbengok jengkel marang Ria lan kanca-kancane. Emosiku wis kepancing merga ngrungokake bab kasebut.
Sirahku ngelu. Aku wis ora kuwat ngadeg, irungku mimisen maneh. Akuwis ora krungu maneh omongane kanca-kancaku. Awakku ambruk smaput.
“Mawar… sudah bangun kamu nak ?” swarane Bu Endang kuwi kaya-kaya nangekke aku. Jebule aku wis ning jero UKS.
“Iya Bu...”
“ Kamu masih kuat Nak ?Kalo tidak kamu boleh pulang sekarang.”
“Iya bu terima kasih.”
Banjur aku nganggo sepatuku maneh. Nadyan atiku isih krasa jengkel merga kelingan Ria lan kanca-kancane sing ngece sepatuku.

---oo00O00oo---

“ Assalamu’alaikum….” Aku mlayu mlebu omah.
“Walaikumsalam. .lhoNduk kok kowe wis bali ??” saure ibu sinambi nggosok klambine titipane tanggaku.
“Nggih bu. Wau Mawar telat banjur distrap ngadek ning ngisor cagak gendera. Trus aku mimesen lan smaput, Mawar dieceni kanca-kancane Mawar merga nganggo sepatu elek. Mawar wis ora gelem nganggo sepatu iki maneh ! Mawar isin bu !” Bengokku marang ibu merga atiku lara kelingan mau. Suba sitaku marang ibu saknalika ilang.Nadyan aku ngerti yen kuwi ora bener.
“Nduk cah ayu.. Sepatumu kuwi kan tinggalane bapakmu. Ibu ora duwe dhuwit kanggo tuku sepatumu Nduk. Ngerti dewe, kanggo mangan wae mung pas-pasan.”,  ngendikane ibu .
“Kuwi mbiyen Bu..Saiki aku wis isin nganggo sepatu kuwi !”Aku banjur mlayu mlebu kamar.
Luhing ibu katon gumandhul ning mripate.Banjur ibu nerusake anggone nggosok klambi.
Wengi wis teka. Omah katon peteng merga mung ana lampu bolep limang watt ning tengahing omah lan ning jero kamar. Aku lungguh ning ngareping meja sinambi ndeloki fotone bapak.Karo nangis aku eling marang bapak. Banjur aku njupuk kertas lan nulis . . .


“Bapak aku kangen marang bapak. . .


Aku nulis nganthi wengi lan keturon ning nduwur meja. Ibu banjur mapah aku turu ning kasur.

---oo00O00oo---

Ora krasa srengenge isuk wis jumedul madangi isuk iki. Banjur aku tangi lan siap-siap mangkat sekolah. Nalika nglewati meja aku ndelok ana saklembar kertas ning duwur meja belajarku.


Nduk cah ayu…
Ibu mangkat ning pasar dhisik ya. Aja lali sarapan.


Sakwise maca kertas mau aku mara pawon lan sarapan. Mung ana tempe goreng lan sambel trasi senenganku. Banjur aku mangkat sekolah.
Setengah jam aku ngonthel sepedha tua tinggalane bapak. Saktekane sekolah aku markirke sepedhaku banjur mlaku mara jero kelas.Durung tekan anggonku mlaku Bu Endang ngundang jenengku.
“Mawar, Nak kamu sekarang pulang saja ya.Saya akan mengantarmu pulang.”
“Kenapa Bu ?Kan saya tidak terlambat lagi. Apa salah saya ?”Pitakonku bingung marang Bu Endang.
“Tidak Nak, nanti saya jelaskan dirumah kamu.” Kanthi bingung aku mung manut wae marang parentahe Bu Endang wali kelasku mau.
Sak tekane ngarep gang Bu Endang markirake motore. Ning, kok kaya ana sing nggumunake. Akeh wong ning ngarep omahku. Sanalika aku mung ngadek nggejejer merga bingung ana apa. Dakdelok ning ngarep omahku ana gendera kuning.
“Bulik wonten napa niki ? Niki gendera napa ??” pitakonku marang tangga sebelah omahku. Kahanan iki padha kaya nalika bapak kapundhut dening Gusti telung taun kepungkur.“Terus sapa iki sing dipundhut Gusti??” pitakonku ning jero ati.
Ora krasa luhku tumetes deres. Balung ning awakku kaya remuk lan ora ana daya. “Ibuuuuuuuuuuuuu …………………” Aku mlayu mlebu omah. Ora salah maneh, ibuku wis turon tanpa nyawa ning duwure dipan reot sing ana ing kamarku. “Ibuuuuuu, tangi bu..”
“Sing kuat ya Nduk …” ngendikane Bu Endang sinambi ngelus pundakku.Aku mung ngoyag-ngoyag awake ibu, kaya ora percaya yen kuwi ibuku. Banjur aku mlayu marang Pak Jarwa,  RT ning omahku. “Pakdhe sakbenere wonten punapa niki ? Pripun kok Ibu saget kados mekaten ??” karo sesenggukan anggonku mitakon.
“Ibumu ketabrak mobil Nduk, dekmau Ibumu gawa bungkusan iki..” sinambi Pak Jarwa maringi aku bungkusan kresek.
Aku banjur nyawut kresek kuwi lan mlayu marani jenazahe ibu. Remuk rasane atiku.Udan grimis tiba kaya-kaya ngerti isining atiku. Kresek sing dakcekel mau banjur tiba lan ketok isine. Jebul isine sepatu sing apik lankaton isih anyar.
“Aku emoh yen nyawane Ibu mung diijoli sepatu iki lan ora bakal bisa diijoli !!” omongku karo nangis sesenggukan.
Ora bisa nrima kahanan iki awakku lemes lan ambruk ning sebelahe kresek sing isine sepatu mau.

---oo00O00oo---

Sanalika aku tangi lan mbuka mripatku. Aku bingung nalika aku ana ing dhuwur kasur lan omahku katon sepi ora ana wong.
“Kudune tangga-tanggaku mau isih ana ing jero omahku.Ning ??”
Swara sapu sada gumresek ning ngarep omah.Nalika tak delok jebule ibuku lagi nyapu latar.Aku mung mimpi.Saknalika aku mlayu ndekep ibu.
“Bu ngapunteni Mawar.Mawar sayang kalian Ibu.Mawar mboten purun kelangan Ibu.”Aku nangis sesenggukan ning dekepane ibu.
“Ana apa iki Nduk ???”durung bar anggone ibu ngendika aku nerusake anggonku ngomong
“Ibu, nyuwun ngapunten, Mawar mboten malih nyuwun sepatu anyar. Ngapunteni bu….”
Ibu mung netesake luhe lan pengen ngendika nanging kepedhot anggonku njaluk ngapura marang ibu. Nalika ning dekepane ibu aku mimisen maneh.Ning, mimisenku wayah iki akeh banget nganti klambine ibu dleweran karo getih saka jero irungku. Aku wis ora bisa ndelok maneh kahanan ning kana. Ruhku wis ucul saka ragaku.Banjur ibu ngaawa aku mlebu omah.
Ibu mlayu mlebu njero omah lan maca layang sing dakgawe nalika aku keturon ning dhuwur meja mau…


Kanggo : Ibuku sing paling daksayang


Nalika Ibu maca layang iki Mawar sampun mboten wonten sandhinge Ibu malih.Ning Ibu mboten susah nangis, kula kesah nyusul Bapak wonten daleme Gusti. Bapak mesthi nggih kangen kalian Mawar, mulane Gusti maringi Mawar penyakit ingkang sami kalian Bapak. Gusti nimbali Mawar kangge ngancani Bapak wonten swarga. Yen Ibu kangen kalian Mawar lan Bapak, ibu saged mirsani fotone Mawar kalian Bapak wonten nginggil meja blajare Mawar.

Bu… Mawar nyuwun kembang ing sanding foto iki diganti nalika wis layu.Merga wonten panggonane Mawar kalian Bapak sakpunika kahanane kados mekaten. Wangi lan katon endah kaya kembang mawar.

Ibu ampun sedih nggih . .
Ngapunteni Bapak kalian Mawar mboten saged wonten ing sandinge Ibu malih.


Ngapunteni Bu…

Mawar sayang Ibu…

Anakmu sing durung bisa maring baktike marang Ibu,
Mawar



Ibu maca layangku sinambi nangis sesenggukan lan ngusap bekas getih garing kang tumetes ing dhuwur kertas. Ibuku nangis sakkejer-kejere, atine remuk merga wis ditinggal dening anak lan garwa sing paling disayangi ing donya iki. Atine remuk lan dayane ilang kaya wis ora kuwat urip ing donya iki maneh.
 “Bu ayo, sing liyane wis ngenteni.”Saka ngarep lawang, tangga sebelah omahku nimbali ibu.
“Inggih bu sekedap..”
Ibu banjur mlebu omah mundut guting lan ngethok kembang mawar sing ana ing ngarep omah banjur ndelehake kembang mau ning vas sebelahing fotoku lan Bapak. Ibu pisan maneh ngusap fotoku lan fotone Bapak.
Banjur ibu nganggo krudung ireng lan nyangking sakkranjang kembang mawar sing ana ing nduwur meja. Banjur metu nggabung karo rombongan sing wis siap ning ngarep omah kanggo ngeterake aku ning papan sing paling endah. Kanggo saklawas-lawase. Kamarku saben isuk mambu seger kembang mawar merga ibu ora tau lali kanggo nancepke kembang ning sanding fotoku lan bapak.
Ning ngendi wae kembang mawar kuwi urip, mesthi bakal ngetokake bab sing endah lan wangi marang lingkungane. Nadyan kembang mawar urip ning tengahing panggonan sing kotor lan kebak sampah ning mawar bakal tetep katon endah lan wangi. Apa maneh yen urip ing taman kanthi swasana sing endah, kembang mawar mesthi katon luwih endah saka kembang-kembang liyane. Lan pungkasan nalika kembang mawar kuwi urip ning jero pot kanthi kembang hias, mawar bisa dadi kembang kang katon endah uga mambu wangi lan bisa ndadekake wong sing nandur sayang lan ngrumat kembang mawar kasebut.
Mawar wangimu tetep sumribit ing donya iki kanthi wektune ibumu iki nyusul awakmu.

---oo00O00oo---

TAMAT

Senin, 04 Juni 2012

GURIT TENGAH WENGI



TRESNAMU TEKANING PATI

Deresing udan ing wengi iki
Kaya-kaya medharke rasa
Rasaning ati tanpa sliramu
Sing ngilang tanpa kabar

Nadyan rak kuwawa rasaning ati iki
Nadyan aku ngerti kowe ana ngendi
Nadyan aku ngerti laraning ati iki
Nadyan aku ngerti kareping Gusti
Apa iya kowe wus bali ?
Ninggalke katresnan iki

Gusti . .Apa iya tresna iki sing sejati
Nyawiji marang jiwa kang suci
Nganti tekaning pati
29 Mei 2012

GURIT TENGAH WENGI



PIYE IKI ??

Piye nasibe negaraku
Kabudayan wus rontang-ranting
Subasita mung kari crita
Ora ana maneh sing nyata
Nalika dhuwit wus dadi raja
Nalika dhuwit wus kuwasa
Welas asih wus ora nyata

Sing ana ning ngarepku yo kuwi duwekku
Sing penting weteng wareg lanurip cukup
Mbuh kepriye carane

Nadyan manungsa wus kiyanat
Manungsa wus jelma dadi iblis
Iblis wus jelma dadi manungsa
Mbuh kepriye karepe
                                                3 Juni 2012

GURIT TENGAH WENGI


IKHLASNA LUNGAKU

Ikhlasna aku lunga
Mumpung langit isih esuk
Gunung uga mung katon sapucuk
Kanthi pangestu kang satumpuk
Kabeh bakal tak lakoni
Senadyan aku ora ngerti

Aku lunga saperlu sinau
Lunga saperlu golek ilmu
Ikhlasna aku lunga bapak lan ibu
Senadyan langite katon mendung
Ora perlu atimu galih
Aku ora bakal mati ngelih
Namung siji pangarepku
Donga lan pangestu sing dadi sanguku

                                                3 Juni 2012