Senin, 23 Juni 2014

LEGENDA CHENG HO LAN KLENTHENG SAM POO KONG



Nalika jaman samono ana kaisar saka Cina kang ngumbara kanggo nglakoni perentah saka rajane. Kaisar kuwi nduweni jeneng Ma Sanbao utawa Ma He. Dheweke lair ana ing propinsi Yunnan, Cina Selatan. Nalika kuwi propinsi Yunnan direbut kekuasaane dening Dinasti Ming. Ma He kuwi anak saka kaisar Yunnan kang jenenge Ma Hazhi lan Wen. Dhek jaman semono propinsi Yunnan kalah lan kabeh wargane tundhuk dening Dinasti Ming. Ewandene, semono uga karo kulawargane Ma He. Bapak lan ibune uga melu dadi abdine kerajaan Ming pindah menyang Beiping. Dene Ma He banjur ditangkap lan didadeake khasim lan abdi saka kerajaan kang dipimpin dening raja Zhu Di ing kutha Nanjing propinsi Beiping. Ing kono dheweke sinau maneka werna ajaran agama islam merga dheweke kuwi keturunan kulawarga islam. Miturut critane dheweke kuwi keturunan saka suku Hui. Salah sawijining suku Cina kang nganut agama islam. Wiwit nalika urip ing Istana kuwi, dheweke banjur dijenengi Zheng He/Cheng Ho. Nalika kuwi dheweke tau mimpin perang karo Kaisar Zhu Yunwen. Amerga dheweke isa ngalahake, mula banjur dheweke dipercaya kanggo mandhegani pasukan armada kanggo ngubengi donya.
Nalikane taun 1368 dinasthi Ming wis ilang jayane. Merga kuwi Cheng Ho diutus kanggo lunga nyusur kerajaan-kerajaan ing negara-negara liya kanggo mbalekake kejayaane dinasthi Ming. Sakliyane kuwi dheweke uga nduweni misi budaya lan nyebarake agama Islam. Kurang luwih dheweke wis mandhegani 7 armada kapal. Wis kurang luwih puluhan negara kang kalewat. Kurang luwih taun 1405 dheweke lunga menyang tanah Jawa. Ning nalika semana namung mampir. Miturut cerita dheweke uga tau mara ing kerajaan Majapahit nalika isih pandhegani dening raja Wikramawardhana.
Nalika kuwi dheweke uga mampir ing dhaerah kang banjur diwenehi jeneng Ba Lim Bang kang saiki dadi Palembang.
Sabenere Cheng Ho ora mung sepisan nglakoni ekspedisi iki. Nalikane taun 1405 Cheng Ho nglakoni pelayaran kang sepisan lan isa nganti tekan tlatah Semenanjung Malaya, Sumatera lan Jawa. Dene nalikane abad 15 dheweke menyang Malaka kanggo ngeterake putri Tiongkok, Hang Li Po kanggo dinikaheke marang Raja Malaka Sultan Mansyur Syah. Banjur diterusake menyang Jawa lan tlatah India, Arab lan Afrika. Nalikane tekan Afrika, dheweke uga diwenehi hadiah awujud kulit, menyan, permata lan wong-wong asli kono kang siap anggone ngabdi marang dheweke kanggo bukti yen dheweke wis tau menyang kono. Miturut crita dheweke uga tau diwenehi Jerapah sepasang hadiah saka Raja Afrika, ning nalika ing dalan Jerapah mau mati siji.
Nalikane nglakoni pelayaran ana ing Selat Malaka dheweke tau dirompak dening perompak utawa bajak laut kang jenenge Cheng So Yi. Sabenere dheweke wis dititeni wiwit nglakoni pelayaran kang kaping telu nalikane ngeterke Hang Li Po kang arep dinikahe karo Raja Malaka Sultan Mansyur Syah. Cheng So Yi tertarik merga armada kang digawa Cheng Ho kuwi mesthi armada kang gedhe. Semono uga fasilitase uga katon jangkep lan katon mewah. Mula seka iku Cheng So Yi banjur kepengin banget ngrompak bandhane Cheng Ho. 
Ning Cheng Ho ora kalah akale. Wiwit saka mangkat dheweke mesthi ngawa armada kang gedhe lan akeh. Bab iki ora merga Cheng Ho pengin njanjah Negara-negara kayadene kang dilakoni dening negara-negara barat kang nglakoni ekspedisi. Armada kang akeh mau merga kanggo jaga-jaga yen upamane mengko nalika nglakoni ekpedisi dheweke dirompak.
Ing taun 1416 dheweke nglakoni ekspedisi maneh. Nalika kuwi dheweke  madhegani 317 kapal kang mangkat seka Cina. Ning miturut cerita liyane mung ana 62 kapal gedhe ing ekspedisi kuwi. Kapal sing paling gedhe, kurang luwih dhawane 120 meter.  Dene awak kapal kang digawa puluhan ewon wong. Ning pasukan mau ora kanggo perang ning namung kanggo njagani nalika ana bajak laut. Kaya dene nalika ing Selat Malaka, dheweke diadang dhening bajak laut kang dipandhegani dening Cheng So Yi. Nalikane tekan Selat Malaka, Pasukane Cheng Ho dirompak dening Cheng So Yi. Kapal-kapale uga dibajak lan direbut dening Cheng So Yi.
Cheng So Yi nantang perang marang Cheng Ho. Ananging merga Cheng Ho kuwi ora kepengin yen awak kapale mengko malah akeh kang dadi kurbane, banjur dheweke njaluk ngapura lan ngakoni kalah. Merga ora pengen gawe geger kang gedhe, banjur kapal-kapal cilik kang dibajak mau diwenehake marang Cheng So Yi lan awak kapale melu pindah kapal liyane nerusake ekspedisi. Merga iku nalikane tekan pelabuhan Simongan mung kari 200-an kapal.
Miturut critane Cheng Ho uga tau nglakoni ekpsdisi nganti tekan tlatah Mekah. Dheweke lan awak kapal sing melu uga padha nglakoni ibadah Haji.
Nalikane taun 1415 Cheng Ho tekan nggone tlatah Indonesia.  Diwiwiti saka tlatah Aceh. Nalika tekan nggone Aceh dheweke ketemu karo Sultan Aceh banjur nyiritaake dene dheweke kuwi utusan saka raja Tiongkok kanga rep njlentrehake yen kerajaan ing Cina kuwi isih ngadek lan nduweni kejayaan mulane banjur dheweke menehi Sultan Aceh lonceng raksasa kang dijenengi “Cakra Donya”.
Banjur pelayaran mau diterusake nganti tekan kerajaan Cirebon. Semana uga kaya dene nalika tekan Aceh dheweke uga njlentrehake maksud lan tujuane kanggo mbalekake maneh kejayaane kerajaan Tiongkok. Nalikane kuwi Cheng Ho banjur menehi Sultan Cirebon piring saka kramik kang ditulisi Ayat Kursi minangka kenang-kenangan seka dheweke.
Ekspedisi  banjur diterusake kanthi tekan tlatah Jawa. Nalika kuwi juru mudi kapal kang jenenge Wang Ji Hong lara parah. Merga kuwi banjur dheweke lan pasukane mau mudhun ing pelabuhan kang saiki dijenengi Simongan.
Ing papan iki Wang Ji Hong ditambani dening Cheng Ho kanthi jamu-jamu kang digawe dening wong-wong kang ana ing tlatah kono. Ing papan kuwi uga ana guwa watu kanggo leren pasukan mau.
Kanggo tanda matur nuwun marang wong-wong kang ana ing tlatah kono mau Cheng Ho uga ngajari wong-wong kanggo sinau agama islam lan ilmu kang liyane kayata carane mertani, dagang lan sapiturute.
Nalikane ana ing Simongan Cheng Ho urip ing jero guwa watu. Ing njero guwo mau uga ana sumur kang resik banyune. Semono uga karo iline banyu kuwi ora ana entheke. Banyu mau kanggo wudhu lan njangkepi kebutuhane dheweke lan anak buahe. Miturut critane upamane Cheng Ho mlebu ana ing jero sumur mau dheweke uga isa tekan Cina. Sumur mau diumpamaake dalan pintas kang isa ngubungake tlatah Jawa lan tlatah Cina.
Merga dheweke kudu nerusake ekspedisi mau. Banjur Wang Ji Hong ditinggal ing kono mau karo dikancani saperang awak kapal liyane.
Banjur Cheng Ho nerusake ekspedisine kanthi tekan Sri Lanka, India, Afrika lan Amerika. Nalikane bali maneh menyang tlatah Cina dheweke mesti disambut kayadene raja kang metu saka kraton, merga dheweke kuwi dianggep kaya pahlawan kang mbalekake kejayaane tlatah Tiongok sapungkure kejayaan Mongol. Cheng He banjur diangkat dadi kaisar lan diwenehi sebagiane kerajaan saka dinasti Ming. Miturut critane dheweke banjur mulih menyang Cina lan tilar donya nalika taun 1433.
Dene ing Simongan, Wang Ji Hong banjur mari. Kapal sing ditinggal kanggo dheweke mau banjur kanggo dodol ing pesisir tlatah Jawa. Wang Ji Hong uga ngajari wong-wong kang ana ing Simongan kanthi cara dodol kang apik lan pener. Dheweke uga tau nganti tekan Rembang lan manggon ana ing tlatah kono. Mulane ing Rembang kono uga ana peninggalane awujud jangkar kapal kang gedhe.
Merga kerep srawung karo warga sing manggon ing kono mau banjur dheweke kawin karo wong asli kono kanthi akeh keturunan campuran Cina-Jawa kang lair lan mapan ing sakubenging papan kuwi. Ning nalike umure wis 87 taun banjur dheweke tilar donya lan dikubur ana ing papan kono mau kanthi cara islam.
Miturut cerita liyane nalika kaisar Cheng Ho teka ing plabuhan Simongan banjur dheweke njenengi tlatah kang ana ing kono mau dadi San Bau Lung kan banjur  saiki dadi kutha Semarang. Semono uga kanthi saiki kanggo wong Cina, Semarang uga asring kasebut San Bau Lung. San Bau Lung dhewe nduweni arti Telu Mustika Naga. Kang maknane semarangkuwi nduweni sakabehing bandha donya saka alam.
Kanggo ngurmati arwahe banjur karo wong-wong Cina kang manggon ing Semarang, dheweke diwenehi gelar  Sam Thai Khan utawa Sam Po Thai Reun, kang artine kasim. Dene dheweke uga asring diundang Sam Poo Kong. Miturut wong Jawa Sam Poo Kong nduweni arti engkong-engkong/mbah kang nduweni telung kekuwatan. Sam Poo Kong kang artine telung kekuatan. Khasim Cheng Ho kuwi nduweni telung kekuatan, yaiku : ora madon, kuwat fisike lan uripe mung kanggo raja lan bangsane.
Banjur ing papan petilasane mau dibangung klenteng kanggo ngurmati arwahe Cheng Ho lan Wang Ji Hong. Nadyan Cheng Ho dewe kuwi wong islam nanging wong-wong cina kang manggon ingtlatah kono mau nganggep bilih dheweke kuwi arwah leluhur saka tlatah Cina. Jaman semana namung ana sak wangunan. Kang isine patung Cheng Ho lan guwa kang maune kanggo papan nalika manggon ing Semarang.
Ing klenteng kuwi mau uga ana sumur kang miturut critane kanggo wudlu saben Cheng Ho arep solat. Ana mitos uga menawa banyu suur kuwi mau kang isa nambani larane Wang Ji Hong. Ana meneh kang ngomong yen sumur kuwi mau isa dadi dalan pintase Cheng Ho kanthi tekan Cina. Ana sing ngomong yen Cheng Ho mlebu sumur mau dheweke bisa tekan tlatah Cina.
Saiki klenteng mau diwenehi jeneng klentheng Sam Poo Kong. Ana uga kang menehi jeneng Klentheng Gedong Batu merga ing papan mau ana guwa watu kang gedhe ing jero klentheng. Sak wise direnovasi klentheng  Sam Poo Kong saiki kaperang dadi 4 wangunan. Klenteng utama yaiku papan kang paling gedhe. Isine altar kanggo nyembah dewa Bumi. Ing jero Klentheng mau ana patung Sam Poo Kong, sumur suci uga guwa watu. Ana kang bedha karo klenteng iki, ora kaya wangunan klentheng liyane. Klentheng kang paling gedhe iki madhep ing arah kiblat. Semana uga karo desaine, langit-langit wangunan kuwi warna ijo kang ngatonake akulturasi budaya islam lan Cina.
Dene wangunan kang nomer loro uga ana altar. Altar kang ana ing kono kanggo muja nabi Kong Hu Cu. Ing wangunan nomer loro iki uga ana patilasan/kuburane Wang Ji Gong lan jangkar kapale armada Cheng Ho.
Semana uga karo wangunan kang kaping telu. Ing jerone ana kuburane juru masake Cheng Ho lan pasukane.
Nalika kapale Cheng Ho mandheng ing plabuhan simongan ana wong loro kang arep maling bandhane Cheng Ho sing ana ing jero kapal. Apese, wong mau banjur konangan dhewe dening Cheng Ho. Nalika di takone alesane, wong loro mau jebule bojonan, ning dheweke ora ndue duwit kanggo makani anake, mulane dheweke banjur nyolong ning kapale Cheng Ho. Merga Cheng Ho ora tegel kanggo ngunjara, banjur Cheng Ho ngangkat wong loro mau dadi tukang masak ing jero kapal. Nalika kuwi Cheng Ho ngerteni yen tlatah Jawa kuwi nduweni rempah-rempah kang akeh, mula dheweke kepingin dimasakke nganggo rempah-rempah kang komplit. Banjur juru masak mau nggawe sega kuning lan sega gudhangan kang digawe muncuk kaya dene gunung. Merga rasane enak lan jumbuh karo sing dikarepake dening Cheng Ho banjur dheweke saben dina masak kaya ngono. Banjur sega kang muncung kaya gunung kuwi mau dijenengi Sega Tumpeng. Iku mau salah sakwijiningcrita asal mulane tumpeng kang dingerteni saiki. Merga kuwi mau banjur juru masak mau diwenehi jeneng Mbah Kyai Tumpeng lan bojone Mbah Nyai Tumpeng.
Dene papan kang nomer papat yaiku panggung gedhe kanggo pentas mengeti dina tekne Cheng Ho kang dianaake saben wulan Februari utawa ing taun Cina jenenge Lag Gwe Ji Kao utawa tanggal 29 sasi 6 taun Cina.
Sabenere, Klentheng Sam Po Kong kuwi ora ana gegayutane karo Cheng Ho. Sing mbangun wangunan mau dudu Cheng Ho dewe ananging wong-wong Semarang khususe Simongan kang isih nduweni keturunan Tionghoa. Bab mau mergane wong-wong Cina kuwi pengen ngurmati Cheng Ho ewandene kaya pahlawan utawa nabi kang wis tau teka menyang Semarang lan menehi peninggalan ngelmu kang apik nalikane mbiyen. Saeengga bisa gawe bombonge wong-wong keturunan Tionghoa kang ana ing Semarang.
Semono uga papan petilasan kang ana uga durung genah anggone mapan. Utamane papan pasareanne Cheng Ho.
Kanthi tekan saiki durung ana sing ngerti papan pasareanne Cheng Ho ana ngendi. Ana sing ngomong yen dheweke dikubur ana ing tlatah Semarang. Ning sanyatane sing ana ing tlatah Semarang kuwi petilasan utawa kuburane Wang Ji Gong utawa Dampo Awang, juru mudi kapale Cheng Ho. Ana uga sing ngomong yen dheweke dikubur ana ing India. Bedha maneh crita, jare dheweke tilar donya nalika ing perjalanan nalika arep bali menyang Cina banjur dikenthirake ana laut.
Nanging sanyatane kuburane Cheng Ho kuwi ana ing gunung Nio Shou ing Nanjing tlatah Cina. Merga Cheng Ho kuwi Islam semono uga dheweke dikubur kanthi cara Islam. Kuburane kang ana ing Cina kuwi madhep kiblat kaya dene kuburan Islam liyane. Ing kuburane sing ana ing Cina kono, saben wayah musim semi dianaake tahlilan kanggo ndongaake Cheng Ho.
Ning bakune sing bener kuwi papan patilasan kang ana ing Klentheng Sam Po Kong kuwi namung awujud guwa kang mbiyene dadi papan kanggo manggone Cheng Ho lan awak kapale nalika ana ing Semarang. Neng Klentheng Sam Po Kong kuwi mung ana papan pasareane Wang Ji Hong kang uga asring kasebut Dampo Awang. Sabenere Dampo Awang kuwi uga nduweni critane dewe nalikane urip ana ing tlatah Jawa. Akeh uga kang nyritaake dheweke, ning uga isih ana gegayutane karo Perjalanan Armana Cheng Ho.
Dene ana ing Negara Cina kana, Cheng Ho uga dianggep yen dheweke kuwi pahlawan kang wis mbalekake kejayaan Tiongkok kang mlorot nalika semono. Dheweke uga dianggep Wali kang wis melu nyebarake agama Islam ing sakubenging donya.
Ing kuburane kang ana ing Cina kana saiki uga wis direnovasi lan dadi cagar budaya. Kanggo nganti tekan kuburane Cheng Ho. Ana kurang luwih 28 andha kang dipara dadi patang tingkatan lan saben tingkatan kuwi ana pitung andha.
Filosofine  angka 28 kuwi nggambarake yen Cheng Ho wis nglakoni pelayaran kurang luwihe 28 taun. Banjur angka 7 kuwi nggambarake yen dheweke wis nglakoni pelayaran kaping pitu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar