Senin, 04 Juni 2012

GURIT TENGAH WENGI


ENDAHING KEKANCAN

Sumribit angin krasa ngelus kulit
Nalika mauk sriti bali ing pucuking cemara
Barengan karo tibaning banyu udan sore iki
Nganti tekaning wengi sing nyenyet
Tumetesing udan iki dadi saksining sliraku
Nalika kangening atiku marang kanca-kancaku
Nadyan wus kapisah dining ganasing jagad
Nadyan wus ambyar dening citane raga
Kanthi dalan kang wus padha mbok pilih

Cah ayu . . cah bagus . .
Namung siji sing dadi dongaku
Pepadang bakal tumeka
Anggawa kabar gembira
Nalika kita wis dadi manungsa
Dadi panguwasa jagad raya

                                                2 Juni 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar