Senin, 04 Juni 2012

GURIT TENGAH WENGI


SUMELEHING ATI

Nalika langit sre katutup dening endahing wengi
Lintang-lintang katon cumlorot sinare
Amadhangi endahing wengi
Kembang-kembang katon mesem marang rembulan
Tangane ngawe sajak kemayu

Nduk cah ayu . .
Ing tengah sepining wengi iki
Bareng karo kaciptaning gurit iki
Aku sumeleh . .
Nyumelehake pengarepku marang tresnamu
Lan kawigatenmu sing semu
Saya nyethaake isining atimu
Yen kowe wus ora tresna marang sliraku
Wes cukup semene wae
Nadyan ati iki isih karep marang slirahmu 

                                                2 Juni 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar