Kamis, 31 Mei 2012

GURIT TENGAH WENGI

PERPISAHAN

Kerliping lampu ig pinggir kutha iki
Nadyan wes ora katon endah
Katutup dening endahing sliramu
Nadyan ati iki krasa lara

Tumetesing luh ning pipimu
Namung nambah nelangsane ati
Nelangsane ati marang kaendahan suci
Nadyan aku ora lila ngeculake sliramu

Merga, Namung sliramu sing dadi pangestuku
Namung dongamu sing dadi sanguku
Nadyan iki wes dadi kahanane awakku

                                                        29 Mei 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar