Kamis, 03 Juli 2014

Kumpulan geguritan

DHELENGEN AKU

Dhelengen aku sing ono kene
Sing seneng lan sedih pisah karo kowe
Dhelengen aku kang tulus tresno karo kowe
Dhelengen aku,opo ono apus-apus ing jero atiku

Senadyan aku dewe
Senadyan cuwo karo kowe
Nanging dhelengen aku
Aku sing bisa tetep ngadhek tanpo kowe
Aku sing bisa seneng tanpo kowe
Lan aku sing bisa  luwih saka kowe


TRESNAKU
Aku tresna marang sliramu
Nadyan srengenge
Ana wancine kaling kalingan mega
Nadyan segara
Ora mesthi anteng ora ajeg loma
Aku tresna marang sliramu
                                  Kayadene dalan kang dawa
                                  Wiwit sakdurunge limolas taun kepungkur
                                  Nganti mranane pucuk dalan iki uga
                                  Taun, windu, satus warsa
                                  Kang ora kasat mata

CUWO
Mungkin iki wis dadi dalane
Kudhu pisah karo kowe
Ati kang ora bisa nampa sakabehane
Piye-piye muga iki dalane
 Cukup semene wae sing kok tinggalake
 Janji sing kok blenjani 
                           Nambah seseke dada iki
                          Tangis sing wis kok tinggalake iki
                          Salah sisjine wakile lambesing ora bisa kumecap
                          Cuwo kudu ketemu lan pisah karo kowe


KANGEN
Dhelengen aku
Sing tansah eling sliramu
Esuk awan lan bengi
Kang gawe nambah susahe atiku

Amerga kangen karo sliramu
Marang tangis lan guyumu
Gusti opo iki cobaan kanggoku
Paringana kesabaran kanggoku

Dhuh gusti paringana welasmu
Kanggoku sing lagi nunggu
Tekane sliramu
Sing tak tunggu-tunggu

KANGGO SLIRAMU
Aku tresno karo kowe
Embuh opo sing kang dadi gawe
Nadyan akeh kurangmu
Aku bakal nompo opo anane
                     Aku tresno marang sliramu kaya ambane segara
                     Kang ora ngerti sepira tekan ngendi watese
                     Aku wegah pisah karo sliramu
                      Aku wegah kelangan sliramu
Ananging kepiye
Aku ora reti isine atimu
Koyo dene atiku tresnani sliramu
Sing kang bisa nompo saka kurang lan luwihmu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar