Kamis, 03 Juli 2014

SULUK MAKMUNURADI SALIKIN



Anggitanipun abdi-dalem Kyahi Ngabehi Yasadipura.
Sekar Maskumambang : 52 pada.
  1. /Timbuling tyas anenggih satriya adi, dennyalul lalona, mamerdining tyas mrih ning, namur kula jajah wana.
  2. Apaparab Makmunuradi Salikin, mudha among brongta, wayahe satriya brangti, bongsa-rab kawijilannya.
  3. Aneng Ngarga Sonya manekung mahening, sabat loro nama, Iman Tokid datan kari, subrongta mamati raga.
  4. Semadinta Rahaden upamaneki, kadyangganing wong kang, ngagar dahaneng wanadri, yen amber pamususira.
  5. Mring pangagar sayektine datan mijil, kukus genenira, mangkona ciptanireki, risang Mudha Among-brongta.
  6. Sun semadi lamun leledaa mami, mongsa ta bisaa, pamoring badan suksma ning, marma sanget gentur tapa.
  7. Pan tinata saking tarekat tinarik, pamu/jining Suksma, wit sarak tata krameki, anut ing jeng Rasullulah.
  8.  Pan anembah amuji tatakrameki, kang kampiring ngarga, langkung dennya mati ragi, sang ibu raja pandhita.
  9. Wus angangkat mancal lam laut kang ngening, amanthengi cipta, mendeng ing panunggal neki, maring sajatining ana.
  10. Anggung pana ing dating Hyang Suksma-jati, mati jroning gesang, sirna sajroning aneki, liwing gaib sampurnanya.
  11. Upamane sembah ing manusa kadi, lir kayu kang medal, dahana ingkang kinardi, kang mongka kayu Hyang Suksma.
  12. Kang mongka geni sembah ing manusa jati, pan datan kawasa, anembah lawan amuji, lamun tan ana sih ing Hyang.
  13. Kadyangganing sembah ing manusa jati, menyak ingkang medal, saking wong ngamuter singgih, dening ta ingkang minongka.
  14. Wong ngamuter padaning Hyang Suksma-jati, kang ngupama menyak, manuswaning Hyang kang Lewih, pangastutinya sang Brongta.
  15. Ing Hyang Suksma byapi byapaka lir / neki, kang byapi wiseka, liring kang byapaka malih, kang datan wisesa punika.
  16. Inggih sangking Hyang Suksma kang Maha Lewih, pan sarining cipta, kang amisesa sayekti, pan datan amor ing ganal.
  17. Datan amor ing alit kalawan malih, tan amor ing ala, ayu marma mangkoneki, dene ta Hyang Maha Mulya.
  18. Langgeng kang ngakarya rat pramuseseki, apan atineka, urip ingkang manuseki, langgenge lan tekiyurnya.
  19. Pan saking Hyang Suksma kang Ngamurbeng bumi, sangkane ulihnya, ing ngawal praptaning ngakir, tan lyan saking Hyang Wisesa.
  20. Sembah pujinira Sang Mudha Mong-brangti, yen upamakena, lir wulan memba madyaning, ngawiyat tumameng wadhah.
  21. Titiga kang sawiji isi her wening, kang kapng kalihnya, isi toya letuh singgih, tanpa isi kaping trinya.
  22. Wawayanganing wulan kang tumrap warih, kang wening yektinya, tetela warnaning sasi, kang memba ing to/ya buthak.
  23. Yekti bawur kang wulan bunar ing-aksi, sasi ingkang memba, mring wadhah kang tanpa isi, sayekti suwung tan ana.
  24. Wawayanganing wulan ingkang pralambi, apan ing dumadya, punika kanyatahan ing, Hyang Suksma ingkang tumiba.
  25. Toya wening tegese ingkang sujanma-di, ingkang raharjeng tyas, netepi pangabektyeki, mring Allah kang murbeng jagat.
  26. Kang tumiba ing toya letuh upami, ya manusa ingkang, rago-rago tyasireki, arep tan arep ya marang.
  27. Kapenedan ywan manusa kang nibani, wawadhah kang sonya, kang mungkur ing Sukma-jati, kang ngarepaken hawanya.
  28. Amaregi ing pangan turu tan ening, sahwate ywa towang, anandhang nganggo ywa kongsi, kurang ing sadinanira.
  29. Kang mengkono lir sato angganireki, sato mani lirnya, tegese kang sato mani, sato kang wenang pinangan.
  30. Karantene dumadi tan kadya kang ning, kang ngolah nestapa, a/yoga brata semadi, pangastutinya sang brongta.
  31. Kasatriyanira den-eberken ngarsi, lampah kapandhitan, sinamar tuhu piningit, dhasar satriya lalana.
  32. Apan tuhu nugrahaning Hyang kang prapti, genturaken tapa, nir cipta ening pamor ing, yeku jatining manusa.
  33. Sayogya tuladen kang ngalul brateki, wonten kang satengah, manusa tan nestapeki, tanpa potang ing Hyang Suksma.
  34. Ngentha-enthu jaluk kamulyan kamuktin, kasugiyan lawan, kasekten kamulyan pinrih, mring Hyang yekti tan tinekan.
  35. Paran madya dinulura sasedyeki, tan semadi brata, tan nimbangi sih ing Widdhi, tan nyegah pangan turunya.
  36. Pamintanya asru malah sangsayeki, dening tatan nyegah, raja tamah den-jurungi, yen sirarsa bek utama.
  37. Dipun-mantep anetepi nastapeki, Mudha Among-brongta, ngandika mring sabat kalih, babadana gunung raga.
  38. Pan sandika tur ing paliwara kalih, Makmunuradi Sa-, liki/n kang wiwit rumiyin, ambabadi gunung raga.
  39. Gunung ing tyas mega mendhung anglimputi, ametengi jagat, punika kang den-babadi, resike lan panarima.
  40. Den-babadi ing puji dikir lan tasbih, winatuning tobat, tighapar tan kena lali, binubutan lawan donga.
  41. Saponana toya wulu den-baresih, apacul tawekal, linggise mangsuding ati, wangkil taberi ing lampah.
  42. Raregede binasmi ing salad daim, rareged wus sirna, gagane Mudha Mong-brangti, atulus wus winiwitan.
  43. Sinimpenan maksut marang gedhong ngosik, gunung wus apadhang, mega mendhung wus kaeksi, kang ngarga katon anglela.
  44. Kang pinethot Makmunuradi Salikin, sadasa prakara, anenggih kang den-dhangiri, witing ngilmu lawan lampah.
  45. Panarima winatun rahina wengi, lawan witing tapa, witing ngamal wi/ting ngurip, witing pati kang rineksa.
  46. Witing salat punika kang den-tunggoni, lawan witing swarga, punika kang den-simpeni, witi[ng] naraka rinusak.
  47. Wus mardika sampun tumeka ing pati, patitising tingal, baita kamot jaladri, sarahe anungsung toya.
  48. Iman Tokit kang sinandhang rina wengi, wawangkil kewala, ki Tokit angagem linggis, asandhangan wektu lima.
  49. Iketipun wektu subuh datan gingsir, wektu luhurira, ingkang minongka kulambi, nyampingipun wektu ngasar.
  50. Mung sabuke punika wektu maherib, keris wektu ngisa, calanane winal-witri, rakatal-witri kasutnya.
  51. Sebe alus jamak kasram takdir takrir, wau tasbehira, sunat mashur kang respati, ngalam nasut linayaran.
  52. Dening Raden Makmunuradi Salikin, ingkang linayaran, ngalam laut ingkang wening, wus prapta unggyan mulyan.
Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar