Senin, 23 Juni 2014

ASALE JENENG LEMAH GEMPAL LAN PLERED



Jaman Semono Kutha Semarang salah sawijining kutha gedhe kang nduweni pelabuhan paling gedhe ing tlatah Jawa.  Semarang uga misuwur menawa kutha kang endah. Dhek jaman walanda, kahanan kutha Semarang bedha banget karo saiki. Jaman semono segara iku nganti tekan dhaerah Mugas, Mrican, lan Gajahmungkur. Nalika iku wong-wong Walanda ngarani Semarang kuwi Venesia seka wetan. Bab nalika mlebu plabuhan Semarang, pemandangane katon endah. Seka Semarang isa katon gunung Ungaran, Merbabu, Merapi uga gunung Slamet. Ing tengahing kutha ana kali loro kang gedhe nganti tekan laut. Kali iki dibangun nalika jaman Walanda.
Kahanan iki amarga wiwit jaman mbiyen Semarang uga kerep banjir. Merga Semarang salah sawijining kutha kang manggon ana ing pinggiring segara. Nalika udan gedhe Semarang uga dadi lenggananing banjir gedhe. Ewandene akeh korban bandha lan nyawa merga banjir.
Ing jaman kolonial Walanda uga akeh surat-surat penting kang melu kenthir kagawa banyu. Banjur pamrentah Walanda nduweni akal supaya gawe kali lan tanggul gedhe ing tengahing kutha supaya banyu bisa mili lancar tekan segara. Sak kabehing insinyur ing kutha Semarang kumpul dadi siji ngrembag kepriye carana gawe tanggul kang gedhe saka pucuking kutha nganti tekan segara. Pungkasane, digawe kali lan tanggul kang ana ing sisih wetan lan kulon kutha.
Proyek iki mlaku kanti lancar nganti wis arep rampung. Ning nalikane mbangun kali lan tanggul kang ana ing sisih kulon ana bab kang rada ganjil. Ana sak panggonan kang rada angel dikeruk. Lemah kang ana ing kono akeh watune kang gedhe-gendhe. Semono uga nalika digawe tanggul mesti wae gempal utawa longsor mangisor maneh. Kadadean iki wis mesthi anggawe bingunge insinyur-insinyur kang nggarap proyek iki. Wis maneka werna cara dicoba ning tetep ora bisa.
Tukang keruk kang ana ing kono mau banjur ngusulake supaya digolekake “wong pinter”.
“Pak, menawi pados tiyang pinter kemawon pripun ? bab niki mboten lumrah.”
“Yen Pancen mengkono apikke ya ora apa-apa. Wis gek ndang digolekki.” Salah sijine insinyur mau mangsuli.
“Nggih pak, kula nate mireng wonten ngriki wonten kyai kang sekti.”
“Yen pancen mengkono njalukka tulung marang dheweke. Sapa ngerti bisa ngewangi awake dhewe. Proyek iki kudu rampung sakdurunge mangsa rendheng teka.”
Banjur salah sawjining pegawe proyek mau lunga nggolekki kyai kang jenengi Ki Sanah.
Saktekane omahe Ki Sanah, Ki Sanah wis ngeri kekarepane pegawe mau.
“Aku wis ngerti kekarepanmu ngger. Bab lemah sing gempal kuwi to?”
“Nggih pak kyai”
“Yen pancene mengkono, mengko nalika bali seka kene jupuka watu kang ana ini sisih omah iki banjur pendhema ing papan lemah kang gempal mau. Nalikane bali seka kene aja makaping-kaping kowe noleh madhep mburi nganthi tutug papan panggonan kerjamu.”
Bab mau dilakoni tenan dening pegawe mau. Sak tekane ing proyek, watu mau banjur dipendhem ing papan kang gempal mau. Ajaibe sakbanjure watu mau dipendhem saiki kerukkan lemah kang ditumpuk ing pinggiring tanggul wis ora longsor maneh. Malah kaya-kaya pagawean iki krasa luwih cepet rampunge.
Wiwit kuwi papan panggonan mau dijenengi Lemah Gempal.
Banjur ing tengahing kali mau digawe bendungan kanggo nata iline banyu. Merga panggone leter kaya plorotan papan mau kerep kanggo adus bocah cilik-cilik lan kanggo dolanan plorotan.. Merga kuwi papan iki dijenengi Plered. Kang saiki dijenengi Wadhuk Plered.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar