Senin, 23 Juni 2014

Resensi Novel Sawise Langite Katon Biru



TRESNAKU KOKGAWA MLAYU


Judul  Buku                 : Sawise Langit Katon Biru
Pengarang                   : Yunani S.W
Penerbit                       : OPSJ dan Azzagrafika
Tahun Terbit                : Februari 2013
Jumlah Halaman          : viii + 100 hlm


Novel Sawise Langit Katon Biru minangka salah sijine crita sambung kang wis kababar  ing Kalawarti Jayabaya taun 1978. Sakawit saka iku Yunani mlebu ana ing Organisasi Pengarang Sastra Jawa lan cerbung iku kapilih dadi salah siji novel kang wis diterbitake.
Novel iki nyritaake kahanan uripe Retno, bocah wadon kang wuta merga nalika umur wolung taun tau ngalami kacilakan lan mripate wuta sakbubare dioprasi.  Retno saiki wis gedhe lan dadi bocah kang saya katon ayu. Merga kahanane sing kaya mengkono dheweke urip melu eyange ing Batu merga yen dheweke melu  wong tuwane. Dheweke uga luwih ngrasa ayem yen urip ning Batu merga adoh saka karameyan.
Dene, Endah mbakyune lan kulawarga liyane urip ana ing Surabaya. Endah kuwi banget tresna lan asihe marang dheweke. Sakbubare kacilakan sing nggawe adhine kuwi wuta, Endah sansaya tresna marang adhine. Dheweke kapingin bisa nambaake adhine supaya isa ndelok kahanan donya maneh. Endah terus ngupaya supayane bisa oleh bojo dhokter supaya bisa nambani adhine kuwi. Pungkasane dheweke bisa oleh jodho dhokter nadyan ora dhokter mripat.
Nalika kerja ing Surabaya Endah kenal karo dhokter sing jenenge Hendratmo. Endah njaluk marang Hendratmo supaya dheweke ngewangi kanggo ngoprasi Retno. Sawijining dina sadurunge ngoperasi Retno, Hendratmo dijak Endah menyang griyane Eyang Purwo kanggo ndelok kahanane Retno. Ning dheweke kaget banget nalika ndelok Retno kang jebule luwih ayu ketimbang pacare dhewe Endah. Kaya dene ora sadar yen Retno kuwi bakal adhine ipe dhewe Hendratmo malah rumangsa yen dheweke seneng karo Retno. Semono uga karo Retno. Dheweke ngrasa yen ana rasa kang bedha nalika ketemu karo Hendratmo. Kalorone saya rumaket apamaneh sakwise Endah wis nikah karo Hendratmo.
Sakwise kuwi Retno wis dioprasi lan bisa ndeleng maneh. Nanging bab iki saya gawe perkara tambah gedhe. Retno lan Hendratmo saya rumaket senadyan kalorone padha sadar yen kuwi salah. Nganti sawijining dina Endah ngonangi kelakuan ala ne adhine karo bojone dhewe. Endah ngrasa wis diapusi lan dikhianati. Mulane dheweke banjur nesu lan kuciwa. Kanthi mengkono Retno ngasa yen dheweke salah wis ngrusak pager ayune mbakyune dhewe. Awit saka kuwi dheweke mutusi yen arep dadi biarawati kanggo nebus dosane.
Mangkono kuwi isine buku “Sawise Langite Katon Biru”.  Saka crita mau isa didhelok yen novel iki nyritaake lelakoning urip manungsa salumrah kang bisa kanggo tuladha yen manungsa ora kena ngumbar marang kekarepane wae, nanging tansah eling marang Gustine. Kang dadi sumbere tumindak dosa dening manungsa yaiku panca driya lan sing paling akeh dhewe saka mripat utawa pandeleng. Saka mripat tuwuh maneka werna kekarepan, pepinginan sing ala lan sing becik kang bisa nuwuhake tumindak dosa lan becik.
Pengarang intuk inspirasi cerita kuwi nalika tindhak ana kutha Batu banjur ndelok biarawati kang rupane ayu banget. Pengarang gumun kena apa wong seayu kuwi gelem dadi biarawati. Banjur pengarang ngembangake pengalamane dadi crita kaya kang wis diceritakake ing dhuwur.
Novel iki bisa dadi alternatif ing tengahing perkembangan sastra Jawa kang saya suwe saya medun peminate. Mudune minat masyarakat marang karya sastra Jawa saya ketara nalika buku-buku utawa novel basa Indonesia sansaya akeh ning pasaran dene sastra Jawa sansaya ilang. Saka buku iki bisa dideleng yen kualitas karya sastra Jawa ora kalah karo karya sastra bahasa liyane. Kanggo masyarakat, buku iki isa kanggo bahan wacan minangka hiburan merga basa sing kanggo njlentrehake crita ora abot lan critane uga mupangati khususe kanggo piwulang moral lan budi pakerti luhur.
Kanthi mengkono, novel iki bisa kanggo referensi kanggo hiburan kanggo pamaos kang seneng maca novel abasa Jawa kanthi genre percintaan kang saiki wes jarang ditemoni ing pasaran.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar