Kamis, 31 Mei 2012

GURIT TENGAH WENGI


GARISING GUSTI

Nalika tembang-tembang katresnan
Kacipta dening cumloroting cahya
Cahya kang katon cetha ing tengahing nala

Nalika tembang-tembang katresnan,
Kacipta dening ati kang suci
Kang wis ginaris kersaning Gusti
Nadyan ora reti tekaning pati
Mbuh mbesok mbuh wengi iki

Gusti . .
Apa iki urip sing sejati ??
Among kanggo ngenteni tekane pati
Tanpa ngerti katresnan sejati

                                                31 Mei 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar