Kamis, 31 Mei 2012

GURIT TENGAH WENGI


SWARANING NALA

Ewunan aksara kang ketata
Ora bisa nggenteni rasa
Rasaning tresna ing jero nala
Kaya dene ngoyak playune maruta

Nalika asih wis ora setya
Nalika tresna wis ngobong nala
Ati iki mung bisa nywara
Wenehana wangsulan sing cetha
Supaya ati ora ngumbar cubriya
Nuding kasih kang ora setya

                                        28 Mei 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar