Kamis, 31 Mei 2012

GURIT TENGAH WENGI


SECUIL PITAKON

Ing tengahing wengi iki
Ing sepining wengi iki
Angin wengi kaya ngelingke marang sliramu
Sliramu sing nyata dak tresnani
Sliramu sing nyata dak sayangi
Secuil kertas iki nguncakake pitakon
Nanging, apa kabeh iki tulus saka jroning ati ?

Pengen rasane dak kubur  tatuning ati iki
Nadyan sliramu ora tau ngerti
Apa sing nyatane ana jero ati
Sewu rasa ilang saka urip iki
Nalika sliramu mlenjani janji

                                      31 Mei 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar