Kamis, 31 Mei 2012

GURIT TENGAH WENGI


TATUNING ATI

Cah ayu . .
Delenga rembulan kang katutup mega
Kang nuwuhake rasa sumumpel ing dhadha

Kertas sesuwek iki
Isi tatuning atiku
Gambaraning kethering lathiku

Nduk cah ayu . .
Kertas sesuwek iki
Dadia kacaning atimu
Kang bisa nutupi laraning atiku
Sewu rasa kang ilang
Bareng karo ilange sliramu

                                                30 Mei 2012 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar